Di raksa /. Diberdayakan oleh Blogger.
Home » » TINO MURID BODO

TINO MURID BODO



Ning jero sekolahan, pas jam pelajaran:
Pak Guru : "Tino, Tek deleng-deleng sing bareng mau ko kayong ngantuk bae.
Coba jawab pertanyaane bapak riyin. THOMAS ALFA EDISON kue sapa ??"

Tino : "Mboten ngertos, Pak!"

Pak Guru : "Nah bener kan.... Angger JAMES WATT ngerti ora??"

Tino : "Apamaning kue... Mboten kenal kulo pak!"

Pak Guru : "Angger ALEXANDER GRAHAM BELL??"

Tino : "Aduh, Pak! Mboten kenal sedoyo Pak!!"

Pak Guru : "Dasar, dadi bocah goblog temen sih ko. Miki kabeh laka sing kenal sijia ??!!"

Tino : "Naahhh, coba pak gentenan kulo sing taken: Bapak kenal mboten kalih Pak ROHIM?"

Pak Guru : "Sapa kweh ??"

Tino : "angger HAJI ABBAS?! DARMI ?? MULYANTO ?!"

Pak Guru : "Stop stop Tino... Kwe sapa ??"

Tino : "Kulo mung bade sanjang kalih Bapak.. ora kabeh uwong sing rika kenal, kulo juga kenal... Uwong sing kulo kenal, Bapak juga dereng pasti kenal.. Kita niki manusia pak, gadah kenalan dewek-dewek ­ ­!!"

Pak Guru : "???!!!" *mutungi*

0 komentar:

Posting Komentar